FALSAFAH RONGGO WARSITO

_Rejeki iku ora iså ditiru.._
_Senajan pådå lakumu_
_Senajan pådå dodolan mu_
_Senajan pådå nyambut gawemu_

_Kasil sing ditåmpå bakal bedå2_
_Iså bedå nèng akèhé båndhå_
_Iså ugå ånå nèng Råså lan Ayemé ati, yaiku sing jenengé bahagia_
_Kabèh iku såkå tresnané Gusti kang måhå kuwåså_
_Såpå temen bakal tinemu_
_Såpå wani rekåså bakal nggayuh mulyå_
_Dudu akèhé, nanging berkahé kang dadèkaké cukup lan nyukupi_
_Wis ginaris nèng takdiré menungså yèn åpå sing urip kuwi wis disangoni såkå sing kuwåså_
_Dalan urip lan pangané wis cemepak cedhak kåyå angin sing disedhot bendina_
_Nanging kadhang menungså sulap måtå lan peteng atiné, sing adoh såkå awaké katon padhang cemlorot ngawé-awé, nanging sing cedhak nèng ngarepé lan dadi tanggung jawabé disiå-siå kåyå orå duwé gunå_
_Rejeki iku wis cemepak såkå Gusti, ora bakal kurang anané kanggo nyukupi butuhé menungså såkå lair tekané pati_
    
_Nanging yèn kanggo nuruti karep menungså sing ora ånå watesé, rasané kabèh cupet, nèng pikiran ruwet, lan atiné marahi bundhet_
_Welingé wong tuwÃ¥, Ã¥pÃ¥ sing Ã¥nÃ¥ dilakoni lan Ã¥pÃ¥ sing durung Ã¥nÃ¥ Ã¥jÃ¥ diarep-arep, semèlèhké lan yèn wis dadi duwèkmu bakal tinemu, yèn ora jatahmu, Ã¥pÃ¥ maneh kok ngrebut sÃ¥kÃ¥ wong liyÃ¥ nganggo cÃ¥rÃ¥ sing Ã¥lÃ¥, yÃ¥  waé, iku bakal gawé uripmu lÃ¥rÃ¥, rekÃ¥sÃ¥ lan angkÃ¥rÃ¥ murkÃ¥ sak jeroning kaluwargÃ¥, kabeh iku bakal sirnÃ¥ balik dadi sakmestiné_
_Yèn umpåmå ayem iku mung biså dituku karo akèhé båndhå dahnå rekasané dadi wong sing ora duwé_
_Untungé ayem isà diduwèni sÃ¥pÃ¥ waé sing gelem ngleremké atiné ing bab kadonyan, seneng   tetulung marang liyan, lan pasrahké uripé marang GUSTI KANG MURBENG DUMADI,_
*Semoga bermanfaat*

Sumber : Sate Jawa

Foto : http://bundaratukidul.blogspot.co.id/
Share:

Translate

Pola Pikir

Ada Penghianat Bangsa Dalam Pilpres 2024

Pahlawan Jalan Maju, Penghianat Jalan Mundur Jakarta ( Warta WA Terkini - No Gossip ) - Dari mulai isue Politik Dinasti hingga isue Penghi...

Arsip Blog